banner 728x250
Daerah  

Ruwat Desa Suruh Sukodono Ramé, Gunungan Asil Bumi lan Reog Ponorogo Nguripi Pawai Budoyo

oppo_16

Sidoarjo — Ruwat Desa nang Desa Suruh, Kecamatan Sukodono, Kabupaten Sidoarjo, digelar meriah dina Minggu, 1 Februari 2026, jam 13.00 WIB. Warga podo metu nang dalan, ngerubungi rute pawai budoyo sing nampilno gunungan sayur lan woh-wohan, ditambahi atraksi Reog Ponorogo sing nggawe suasana tambah urip.

Saka awan, masyarakat wes podo kumpul nang pinggir dalan. Peserta pawai nganggo klambi adat, diiringi musik tradisional sing muni banter, nggawe desa dadi rame lan meriah. Gunungan sing digawe teko asil tetanen warga diarak muter kampung dadi tandha syukur, nyuwun slamet, lan pangajab berkah kanggo kabeh warga.

Reog Ponorogo dadi tontonan sing paling narik perhatian. Penarine nggowo dadak merak tampil gagah, diiringi kendang lan gamelan. Sing nonton podo kagum lan seneng ndelok atraksi budoyo sing jarang ditemui saben dina.

Bocah-bocah, nom-noman, nganti wong tuwo melu melok karnaval iki. Ruwat Desa iki ora mung nguri-uri tradisi leluhur, nanging yo dadi ajang kumpul lan guyub rukun antarwarga Desa Suruh.

Bar pawai rampung, gunungan asil bumi langsung dadi rebutan warga. Akeh sing percaya nek oleh bagian teko gunungan kuwi iso nggowo berkah. Tradisi iki saben taun mesti ditunggu, dadi bukti nek warga Desa Suruh isih njogo budaya lan kebersamaan nganti saiki.

Mlaku-mlaku nang pinggir kali,

Ndelok reog nggowo dadak merak.

Ruwat desa gawe ati tentrem lan guyub bali,

Mugo Desa Suruh tansah slamet lan kebak berkah.

Red(anjar)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *