Mojokerto — Aksi wong sing ngaku wartawan tapi diduga malah gawe ulah meres wong liyo, akhire kejeglong operasi tangkap tangan (OTT) sing dilakoni jajaran Polres Mojokerto. Kejadian iki langsung dadi omongan nang masyarakat, soale profesi wartawan kok malah digawe dalan golek duit kanthi cara sing ora bener.
Pria sing diamankan polisi kuwi jenenge Muhammad Amir Asnawi (42), warga Dusun Pekingan, Desa Sumbersono, Kecamatan Dlanggu, Mojokerto. Dheweke diduga njaluk duit marang seorang advokat, Wahyu Suhartatik (47), karo alesan soal pemberitaan media.
Informasi sing dihimpun, kejadian penangkapan kuwi kelakon dina Sabtu (14/3/2026) sekitar pukul 19.50 WIB nang salah siji kafe wilayah Mojosari. Polisi saka Unit Resmob Satreskrim Polres Mojokerto langsung nyekel terduga pelaku sakwise nampa amplop isi duit Rp3 juta sing diduga dijaluk kanggo “nutup” utawa mandegke pemberitaan.
Pihak Satreskrim Polres Mojokerto mbenerno nek penangkapan iki hasil saka laporan lan informasi masyarakat sing curiga ana praktik pemerasan nganggo jeneng wartawan. Saiki sing bersangkutan isih diperiksa luwih lanjut kanggo ndelok unsur pidanane.

Kasus iki uga narik perhatian kalangan media. Pimpinan Redaksi Media Group Globalindo, Hendra Setiawan, S.H., ngapresiasi langkah tegas polisi sing cepet nangani perkara iki.
“Langkah Polres Mojokerto iki pantes diapresiasi. Wartawan kuwi tugasé nyampaikan informasi kanggo masyarakat, dudu kanggo medeni wong utawa golek duit nganggo cara meres,” ujare Hendra.
Dheweke uga ngandani nek tindakan kaya ngene iki kudu dibuka terang supaya masyarakat ngerti bedane wartawan tenanan karo oknum sing mung numpang jeneng profesi.
“Yen ana wong nggunakke identitas wartawan kanggo meres utawa ngeruk keuntungan pribadi, kuwi wis jelas salah lan kudu diproses hukum. Ojo nganti masyarakat nganggep kabeh wartawan podo,” jelasé.
Ing tengah ramene kasus iki, Media Group Globalindo uga nyoroti munculé tulisan opini nang salah siji media online sing nyebut OTT iki kaya “penjebakan” marang wartawan.
Menurut Hendra, narasi kaya ngono kudu disikapi ati-ati supaya ora nggawe masyarakat salah paham.
“Kita tetep ngajeni kebebasan berpendapat. Nanging nek nganti ana narasi sing seolah-olah mbelani praktik pemerasan nganggo alasan profesi wartawan, kuwi bahaya kanggo kepercayaan masyarakat marang pers,” tegesé.
Dheweke ngelingke nek profesi wartawan pancen dilindungi Undang-Undang Pers, nanging perlindungan kuwi ora iso digawe tameng kanggo nutupi tindakan pidana.
“Undang-Undang Pers ora tau menehi ruang kanggo wartawan meres, ngancam, utawa njaluk duit supaya berita ora diterbitke. Nek ana kejadian kaya ngono, ya kudu diproses hukum,” ujare.
Saiki kasus iki isih didalami penyidik Satreskrim Polres Mojokerto kanggo mestekke kabeh unsur hukum saka dugaan pemerasan kasebut.
Mlaku-mlaku menyang Mojosari,
mampir sekedap tuku ketan.
Wartawan kuwi tugasé nggawa kabar sejati,
dudu medeni wong kanggo golek bayaran.














