Malang, Jawa Timur — Suasana Lebaran 1447 Hijriah kerasa tambah anget lan kebak kebahagiaan wektu keluarga besar R. Soemo lan Rasmi kumpul bareng nang wilayah Sumber Pucung, Karangkates. Acara iki dadi ajang silaturahmi sing ora mung sekadar ketemu, tapi yo nguatno ikatan keluarga saka generasi lawas nganti sing paling enom.
R. Soemo sing asalé teko Banten lan Rasmi sing nduwé garis keturunan Keraton Yogyakarta, wis ninggalno warisan kebersamaan sing saiki diterusno anak, putu, nganti buyut. Kumpul bareng iki dadi bukti nek tali persaudaraan tetep dijogo, ora peduli wis nyebar nang endi wae.
Saka isuk, keluarga wes podo teko siji-siji. Ono sing teko njobo kutha, nganti njobo provinsi. Suasanane langsung urip, salaman, guyu bareng, tukar cerita lawas sing nggawe kangen tambah kerasa. Panganan khas Lebaran yo ora ketinggalan, dadi pelengkap obrolan sing ora ana enteke.
Bocah-bocah podo mlayu-mlayu karo guyune sing polos, dene sing tuwo podo lungguh santai, cerita pengalaman urip.
Campuran suasana iki nggawe acara tambah syahdu lan penuh makna.
Suharsono, anak nomer lima saka pasangan R. Soemo lan Rasmi, nyampaikan rasa syukure iso kumpul bareng keluarga.
“Alhamdulillah, momen apik iki iso ngumpulno kabeh, mulai anak, putu nganti buyut. Iki dudu sekadar kumpul, tapi cara njogo silaturahmi sing wis diwarisno wong tuwo. Mugo-mugo tradisi iki iso terus dilanjutno tekan generasi sakteruse,” ujare.

Nang tengah suasana sing anget iki, keluarga besar yo nyampaikan ucapan Idul Fitri kanthi tulus:
“Keluarga besar R. Soemo lan Rasmi ngucapno Sugeng Riyadi 1447 Hijriah. Nyuwun pangapunten lahir lan batin. Mugo kebersamaan iki nggowo berkah lan nggawe persaudaraan tambah erat.”
Acara ditutup karo doa bareng lan foto keluarga, dadi kenangan sing ora iso dilalekno. Harapane, kumpul koyo ngene iki iso dadi tradisi saben taun, ben tali keluarga tetep guyub lan rukun saklawase.
Mlaku-mlaku nang Karangkates,
mampir sek tuku ketan.
Lebaran iki dadi momen sing manis lan hangat,
nguatno seduluran tekan kapan wae, ora bakal pedotan.














